ATER-ATER ANUSWARA
Tetembungan ing tugas pribadi ana
tembung ngeterake, diwadahi, mrana, dicangking. Tetembungan kasebut yen diudhal
duweni tembung lingga lan ater-ater, yaiku ater-ater anuswara ater-ater
tripurusa.
1. Ater-ater
anuswara
Wujude
ana 4 yaiku : n, m, ng, ny
Tuladha
:
n
+ nulis = nulis
m
+ waca = maca
ng
+ gambar = nggambar
ny
+ cukur = nyukur
2. Tegese
ater-ater anuswara
a. Yen
linggane tembung kriya ateges nindakake pagewean
Tuladha : nulis,
nothok, nandur, njewer, lsp.
b. Yen
linggane tembung aran ( kata benda ) ateges
-
Makarti nganggo = macul, mbedhil, lsp
-
Makarti dadi = ndhalang, mbadhut
-
Nyebut =
mbapa, mbibi, mbiyung
-
Marani =
ngiwa, nengen, minggir
-
Nandur =
njagung, ndhele, ngacang
-
Memper =
masir, ngetumbar
-
Golek =
melut. njangkrik, lsp
-
Gawe =
ngrempeyek, mbregedel, ngapem, lsp
c. Yen
linggane tembung wilangan ( kata bilangan ) ateges
-
Siji-sijine tampa = ngloro, nelu, lsp
-
Mengeti dina kaping = nelung dina, nyatus, nyewu
d. Yen
linggane tembung kahanan/panguwuh ( kata keadaan/seru ) ateges
-
Api-api =
mbudeg, mbisu
-
Ngucap/nyuwara = ngadhuh, mbekur, lsp
Tidak ada komentar:
Posting Komentar