Saloka, Paribasan, lan Bebasan
Saloka : yaiku unen-unen kang ajeg
panganggone, mawa tegese entar ngemu
surasa pepindhan. Kang dipindhakake wonge.
Tuladha
:
Kebo
bule mati setra tegese wong pinter nemu sengsara amarga wong ora mbutuhake
kepinterane.
Paribasan : yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ora ngemu teges entar, anggone negesi sawantah utawa apa anane saka tembung
mau.
Tuladha
:
Yitna
yuwana lena kena : Sapa kang ngati-ati bakal slamet, sapa kang sembrana bakal
cilaka.
Bebasan : yaiku unen-unen kang ajeg panganggone,
mawa teges entar, surasa pepindhan,
kang dipindhakake kahananing wong utawa sesipating wong.
Tuladha
:
Ngiyup
ngisor wit awar-awar : wong kang njaluk pitulungan marang wong kang
ringkih/perlu ditulung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar