Gatekna
pacelathon ing ngisor iki!
REORINAN
Lia : samenika sampeyan sedaya
kuliyah menapa boten mbak?
Nunung :
kala wingi estunipun kula kepengin nyambut damel mbak, ananging kula boten
pareng kaliyan ibu.
Nuruly : menapa boten pareng kaliyan ibu
mbak?
Nunung : amargi ibu kepengin menawi kula
benjang saged dados guru kemawon.
Riyati : o..mekaten ta mbak. Menawi kula
samenika kuliah kemawon mbak.
Nunung : kenging menapa mbak?
Riyati :
amargi kula kepengin benjang menika saged nyambut damel wonten ing ranah
pendidikan.
Lia :
sampeyan samenika kuliah wonten ing pundi ta mbak riya?
Riyati :
kula samenika kuliah wonten ing Universitas Negeri Semarang mbak?
Lia :
oo....nggih, taksih kemutan menapa boten mbak nalika kala rumiyin sampeyan
tilem wonten kelas?
Nuruly :
nggih kula kemutan mbak riya tilem wonten ing kelas. Lajeng mbak riya di
kengken majeng kaliyan bu eni
Riyati :
kula sampun kesupen menika mbak.
Nunung :
kesupen menapa kesupen?
Riyati :
sampun ta mbak boten usah dibahas malih.
Lia :
sampun-sampun,,,boten usah dirembug malih.
Nunung :
mbak uly menapa boten dados model kemawon?
Nuruly :
model? Model menapa ta mbak?
Lia :
model majalah nggih saged.
Nuruly :
boten mbak, kula samenika kuliyah wonten ing UGM.
Nunung :
langkung sae mbak kuliyah wonten UGM menika, lha mbak Lia kuliyah menapa boten?
Lia :
kula kuliyah mbak, kula kuliyah wonten ing UNY.
Riyati :
lha panjenengan mundhut jurusan menapa mbak?
Lia :
kula mundhut jurusan pendidikan agama islam mbak
Nuruly :
sampeyan mundhut jurusan agama islam? Boten klentu ta mbak?
Lia :
boten ta mbak, saged dipun tes mbak, menawi kula menika saged maos al quran,
dakwah nggih saged.
Nuruly :
waaaaaaah sae sae sae
Tidak ada komentar:
Posting Komentar