Nampa Pasrah Penganten
Assalamualaikum Wr. Wb
Para rawuh ingkang kinurmatan, kados
ingkang sampun dipunaturaken dening Bapak Hendrawan minangka sulih salira
saking panjenenganipun Bapak Agung Budiyanto, salam taklimipun sampun kula
tampi. Kosok wangsulipun, salam taklim saking panjenenganipun Bapak agung
Budiyanto.
Wondene atur pasrah penganten kakung
inggih sampun kula tampi kanthi linandhesan manah ingkang tinarbuka, ing
pangangkah mugi-mugi Nak Bagus Bayu Guna Dharma samangkenipun kersa dados warga
masyarakat ngriki, ingkang namung kados mekaten kawontenanipun. Kajawi saking
punika sadaya ubarampe ingkang dipunasta besan sawadyabalanipun inggih kula
tampi kanthi linambaran tyas ingkang gumbira.
Wusana cekap semanten atur kula,
wonten kiranging subasista kula nyuwun agunging samudra pangaksama.
Wassalamualaikum Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar