TEMBUNG RANGKEP
Jinising
tembung rangkep antarane :
A.
Tembung
Rangkep Dwilingga
1. Dwilingga
padha swara ; amarga linggane diucapake kaping pindho.
Tuladha
:
a. Kapur-kapur
kuwi jupukna.
b. Buku-bukune
ditata Uliya.
2. Dwilingga
salin swara ; dwilingga kang swarane malih/wis ganti.
Tuladha
:
a. Awit
mau bocah kuwi wira-wiri wae.
b. Lungguha
kene, aja mloka-mlaku.
3. Dwilingga
semu ; uga diarani dwilingga murni amarga tembung kuwi ora ana linggane.
Tuladha
:
a. Wingi
sore ali-ali daktemu ana kalen.
b. Ibu
mundhut ondhe-ondhe ana pasar.
B.
Tembung
Rangkep Dwipurwa
Yaiku tembung rangkep
kang perangane ana ing ngarep.
Tuladha
:
Sapa tetuwane kampung kene?
C.
Tembung
Rangkep Dwiwasana
Yaiku tembung rangkep
kang perangane ana mburi.
Tuladha :
Bocah kuwi dikandhani
aja rame malah pating cekikik.
Tegese Tembung Rangkep
Tegesa
tembung Rangkep ing antarane :
1. Kabeh/akeh
Tuladha : Siswa kelas
VII C pinter-pinter.
2. Sanadyan
Tuladha : Ala-ala ngene dhisik aku tau dadi lurah
lho!
3. Tansah
Tuladha : Aja wira-wiri bae ngrembug perkara wigati.
4. Nganggo
Tuladha : Kekudhung kukusan ora ilok.
5. Sing
dianggep
Tuladha : Bapakku dadi sesepuh ing desa Margasari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar