A.
Tiyang gesang ugi wajib tansah
ngopeni lingkungan amrih sakiwatengenipun
dados lingkungan ingkang sehat.
Menawa
diudhal miturut ayahaning tembung, ukara mau kadunungan katrangan. Katrangan
kang ana ing ukara kasebut kalebu jinising katrangan maksud/tujuan.
Jinising
katrangan iku warna-warna, ing antarane kaya kang kasebut ing ngisor iki.
1.
Katrangan
papan/panggonan
Tuladha :
Bapak maos koran ing teras
Ing ngarep
omah bocah-bocah padha dolanan
2.
Katrangan
wayah/wektu
Tuladha :
Kala
wingi bapak maos Suara Merdeka
Pakdhe sesuk esuk arep tindak mrene
3.
Katrangan
cacah/wilangan
Tuladha :
Wis
bola-bali dheweke ditimbali Kepala Sekolah
Endhoge pitikku netes sepuluh
4.
Katrangan
piranti/alat
Tuladha :
Ibu manen pari nganggo ani-ani
Adhiku dolanan montoran
nganggo kulit jeruk
5.
Katrangan
maksud/tujuan
Tuladha :
Aku sregep sinau supaya pinter
Ibu nyaponi latar kareben katon resik
6.
Katrangan
sebab
Tuladha :
Dheweke ora lulus
ujian, amarga kesed sinau
Adhi didukani ibu jalaran mecahne piring
7.
Katrangan
akibat
Tuladha :
Pardi ora tau sinau, mulane ora munggah kelas
Jogane
ora tau disaponi mulane katon reged
8.
Katrangan
kaanan
Tuladha :
Simbah sawuse gerah kuru banget
Darman ngguyu kapingkel-pingkel
B.
Ukara
Tanggap ( Kalimat Pasif = Indonesia )
Ukara
tanggap yaiku ukara kang duwe paugeran :
a. Jejere
dikenani pegawean
b. Lesane
dikenani pegawean
c. Wasesane
lumrahe entuk ater-ater tripurusa ( dak,
ko, di ) utawa seselan in
Tuladha
:
a. Meja
tulise Bu Guru digambari Bambang
b. Peleme
Rini diundhuhi
c. Pak
Bayan dak-aturi lenggah ngarep
d. Adhiku
ko jiwit nganthi nangis
e. Raden
Kumbakarna jinemparing Prabu Rama nemahi tiwas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar