UPACARA ADAT ING JAWA TENGAH
“Desa
mawa cara, negara mawa tata”. Unen-unen iki pancen wis trep dienggo, awit
pancen wong jawa iku wiwit saka Jawa Wetan nganti tumekane Jawa Kulon, tansah
ngleluri adat lan tata cara sing dilestarekake nganti saiki. Dene ing Jawa
Tengah dhewe wis lumrah yen adat lan tata carane kanggo nglairake rasa panuwun
marang Gusti Allah, nganakake slametan. Dene tata carane, sawise ambenge
kendhuren didongani, ana sing banjur dirahapi bebarengan, kayata ing upacara
bersih desa. Nanging yen upacara adat liyane, kayata syukuran, bancakane wong
bayen, slametane wong mati lan sapiturute, sawise didongani lumrahe brekate
banjur digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Urut-urutane
wong urip iku diwiwiti saka lair bayi, diwasa, jejodhohan, umur tuwa, lan
tumekane pati. Bab iki tansah owah gingsir jumbuh karo umure manungsa.
Owah-owahan iki kadhang kala uga ana sambung rapete karo sandhunganing alangan,
apes, godha, rencana, lan pancabaya. Mula iku kudu ngerti sarat sarana sing
bakal katindakake, kayata :
1. Upacara
sajroning kandhutan
2. Upacara
lairing jabang bayi
3. Upacara
ngancik diwasa
4. Upacara
dhauping panganten
5. Upacara
tumbuk yuswa
6. Upacara
kasripahan
Tuladha
upacara kasripahan.
Yen ana wong sing kulawargane mati,
ngajal, utawa tinggal donya iku diarani kasripahan. Sanajan wis tinggal donya,
wong sing tinggal donya iku tetep digatekake lan dislameti. Dene petungane
wektu nylameti wong sing ditinggal donya iku mangkene urutane :
a. Surtanah : slametan sing dianakake
bareng jenazah disarekake.
b. Nelung
dina : slametan sawise tinggal
donya ing telung dinane.
c. Mitung
dina : slametan sawise
geblak genep pitung dinane.
d. Matang
puluh dina : slametan sawise geblak
genep patang puluh dina.
e. Nyatus
dina : slametan sawise
geblak genep satus dina.
f. Nyataun : uga diarani mendhak
sapisan, banjur mendhak pindho, slametan sawise geblak genep setaun lan rong
taun.
g. Nyewu
dina : slametan sawise
geblak genep sewu dina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar