Semaken
teks tanggap wacana iki!
UPACARA
ADAT LARUNG
ING
MARA DEMAK
Assalamualaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Ingkang dhahat kinurmatan para
nayaka praja, para pangarsa, sesepuh, saha pinisepuh. Kaping sepisan, sumangga
kita aturaken puji syukur alhamdulillah dhateng ngarsanipun Allah Swt, ingkang
sampun paring karaharjan saengga kita saged sesarengan kempal ing enjang
punika. Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhateng ngarsanipun Kanjeng
Nabi Muhammad Saw, ingkang tansah kita tengga safaatipun wonten Yaumul Kiyamah.
Para rawuh ingkang satuhu
kinurmatan. Kula minangka ketua panitia kepareng kula ngaturi atur pambagya
dhateng adicara larungan ing enjang punika. Upacara larung ing Moro Demak
sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken ing surya kaping 5
Syawal ing saben warsanipun. Adicara punika nggadhahi ancas, wujud syukur saha
nyuwun kaslametan dhateng Gusti allah.
Adicara kawiwitan saking kabupaten,
lajeng dipundherekaken kendharaan dumugi dhusun Moro. Sasampunipun dumugi
tengah seganten saged dipunluwar utawi larung. Kajawi punika, samangke badhe
dipunpungkasi kaliyan lomba-lomba. Tuladhanipun dhayung, lomba baita hias, lan
sanesipun. Adicara punika badhe dipunlestantunaken minangka aset budaya
Kabupaten Demak. Mugi-mugi saged kalampah kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Wasana cekap semanten atur kula.
Menawi wonten kirangipun trapsila nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar