PARAMASASTRA
Basa
kang digunakake pacelathon ing dhuwur yaiku ngoko lugu lan krama inggil/alus.
-
Laras marang ibu nggunakake basa krama
alus utawa krama inggil. Kajaba basa krama alus utawa krama inggil digunakake
anak marang Ibu lan Bapak, uga bisa digunakake:
1. Wong
enom marang wong tuwa.
2. Murid
marang guru.
3. Batur/rewang
marang bedarane.
4. Tepungan
anyar.
-
Ibu marang Laras nggunakake basa ngoko
lugu, amarga basa ngoko lugu iku digunakake :
1. Wong
tuwa marang wong enom.
2. Sapadha-padha
kang wis kulina.
3. Bocah
cilik sing durung bisa guneman cetha.
4. Wong
sing lagi grenengan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar