Selasa, 24 Desember 2013

UNGGAH UNGGUH BASA


UNGGAH UNGGUH BASA

Basa krama dienggo wawan rembug antarane wong enom marang wong sing luwih tuwa/luwih diajeni.
Basa ngoko lan krama kang kerep dienggo ing padinan iki setitekna!
                                              
No
Ngoko
Krama/Krama Inggil
1
Adus
Siram
2
Lunga                            
Tindak
3
Turu
Sare
4
Mangan
Dhahar
5
Ngombe
Ngunjuk
6
Nyambut gawe
Nyambut damel
7
Tuku                   
Mundhut
8
Ndelok
Mirsani
9
Thukul
Tuwuh
10
Mlaku
Mlampah/tindak

UNDHA USUKING BASA


UNDHA USUKING BASA
Undha Usuking Basa


Ngoko                                                             Krama
                                                                          
            Ngoko lugu                 Ngoko alus                  Krama lugu                 Krama alus

I.                   Ngoko
Kang diarani basa ngoko iku wujud unggah-ungguhing basa jawa kang nggunakake tembung-tembung ngoko. Ater-ater lan panambang kang digunakake uga ngoko.
Tuladha : di-, -e, lan -ake.
Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku :
a.      Ngoko Lugu
Wujud unggah-ungguhing basa jawa kabeh basane ngoko.
Tuladha :
1.      Aku lagi nyirami tanduran.
2.      Kowe mangan lawuhe apa?

b.      Ngoko Alus
Wujud unggah-ungguhing basa kang nggunakake basa jawa ngoko uga basa  krama.
Tuladha :
1.      Bapak mau apa wis dhahar?
2.      Panjenengan tindak mrene nitih apa?

II.                Krama
Kang diarani basa krama iku wujud unggah-ungguhing basa jawa kang nggunakake tembung-tembung krama. Ater-ater lan panambange uga krama.
Tuladhane : ipun-, ipun-, -aken.
Basa krama kaperang dadi loro yaiku :
a.      Krama Lugu
Wujud unggah ungguh basa kang nggunakake tembung-tembung krama madya.
Tuladha :
1.      Sampeyan napa mpun nedha, Yu?
2.      Lik, rujake niku mang beta ngriki!

b.      Krama Alus
Wujud unggah-ungguh basa kang kabeh tembunge nggunakake basa krama lan krama inggil.
Tuladha :
1.      Bu, menawi kepareng kula badhe ngampil kagunganipun songsong.
2.      Menawi sampun luwe, mangga katuran dhahar rumiyen.

TEMBUNG RANGKEP


TEMBUNG RANGKEP
Jinising tembung rangkep antarane :
A.    Tembung Rangkep Dwilingga
1.      Dwilingga padha swara ; amarga linggane diucapake kaping pindho.
Tuladha :
a.       Kapur-kapur kuwi jupukna.
b.      Buku-bukune ditata Uliya.
2.      Dwilingga salin swara ; dwilingga kang swarane malih/wis ganti.
Tuladha :
a.       Awit mau bocah kuwi wira-wiri wae.
b.      Lungguha kene, aja mloka-mlaku.
3.      Dwilingga semu ; uga diarani dwilingga murni amarga tembung kuwi ora ana linggane.
Tuladha :
a.       Wingi sore ali-ali daktemu ana kalen.
b.      Ibu mundhut ondhe-ondhe ana pasar.

B.     Tembung Rangkep Dwipurwa
Yaiku tembung rangkep kang perangane ana ing ngarep.
Tuladha :
Sapa tetuwane kampung kene?

C.    Tembung Rangkep Dwiwasana
Yaiku tembung rangkep kang perangane ana mburi.
Tuladha :      
Bocah kuwi dikandhani aja rame malah pating cekikik.

Tegese Tembung Rangkep
Tegesa tembung Rangkep ing antarane :
1.      Kabeh/akeh
Tuladha : Siswa kelas VII C pinter-pinter.

2.      Sanadyan
Tuladha : Ala-ala ngene dhisik aku tau dadi lurah lho!

3.      Tansah
Tuladha : Aja wira-wiri bae ngrembug perkara wigati.

4.      Nganggo
Tuladha : Kekudhung kukusan ora ilok.

5.      Sing dianggep
Tuladha : Bapakku dadi sesepuh ing desa Margasari.