UNDHA USUKING BASA






Ngoko lugu Ngoko alus Krama
lugu Krama alus
I.
Ngoko
Kang diarani basa ngoko
iku wujud unggah-ungguhing basa jawa kang nggunakake tembung-tembung ngoko.
Ater-ater lan panambang kang digunakake uga ngoko.
Tuladha : di-, -e, lan -ake.
Basa ngoko kaperang
dadi loro yaiku :
a. Ngoko
Lugu
Wujud unggah-ungguhing
basa jawa kabeh basane ngoko.
Tuladha
:
1. Aku
lagi nyirami tanduran.
2. Kowe
mangan lawuhe apa?
b. Ngoko
Alus
Wujud unggah-ungguhing
basa kang nggunakake basa jawa ngoko uga basa
krama.
Tuladha
:
1. Bapak
mau apa wis dhahar?
2. Panjenengan
tindak mrene nitih apa?
II.
Krama
Kang diarani basa krama
iku wujud unggah-ungguhing basa jawa kang nggunakake tembung-tembung krama. Ater-ater
lan panambange uga krama.
Tuladhane : ipun-, ipun-, -aken.
Basa krama kaperang
dadi loro yaiku :
a. Krama
Lugu
Wujud unggah ungguh
basa kang nggunakake tembung-tembung krama madya.
Tuladha
:
1. Sampeyan
napa mpun nedha, Yu?
2. Lik,
rujake niku mang beta ngriki!
b. Krama
Alus
Wujud unggah-ungguh
basa kang kabeh tembunge nggunakake basa krama lan krama inggil.
Tuladha
:
1. Bu,
menawi kepareng kula badhe ngampil kagunganipun songsong.
2. Menawi
sampun luwe, mangga katuran dhahar rumiyen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar