Rabu, 11 Desember 2013

PACELATHON


Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
REORINAN
Lia                   : samenika sampeyan sedaya kuliyah menapa boten mbak?
Nunung           : kala wingi estunipun kula kepengin nyambut damel mbak, ananging kula boten pareng kaliyan ibu.
Nuruly             : menapa boten pareng kaliyan ibu mbak?
Nunung           : amargi ibu kepengin menawi kula benjang saged dados guru kemawon.
Riyati              : o..mekaten ta mbak. Menawi kula samenika kuliah kemawon mbak.
Nunung           : kenging menapa mbak?
Riyati              : amargi kula kepengin benjang menika saged nyambut damel wonten ing ranah pendidikan.
Lia                   : sampeyan samenika kuliah wonten ing pundi ta mbak riya?
Riyati              : kula samenika kuliah wonten ing Universitas Negeri Semarang mbak?
Lia                   : oo....nggih, taksih kemutan menapa boten mbak nalika kala rumiyin sampeyan tilem wonten kelas?
Nuruly             : nggih kula kemutan mbak riya tilem wonten ing kelas. Lajeng mbak riya di kengken majeng kaliyan bu eni
Riyati              : kula sampun kesupen menika mbak.
Nunung           : kesupen menapa kesupen?
Riyati              : sampun ta mbak boten usah dibahas malih.
Lia                   : sampun-sampun,,,boten usah dirembug malih.
Nunung           : mbak uly menapa boten dados model kemawon?
Nuruly             : model? Model menapa ta mbak?
Lia                   : model majalah nggih saged.
Nuruly             : boten mbak, kula samenika kuliyah wonten ing UGM.
Nunung           : langkung sae mbak kuliyah wonten UGM menika, lha mbak Lia kuliyah menapa boten?
Lia                   : kula kuliyah mbak, kula kuliyah wonten ing UNY.
Riyati              : lha panjenengan mundhut jurusan menapa mbak?
Lia                   : kula mundhut jurusan pendidikan agama islam mbak
Nuruly             : sampeyan mundhut jurusan agama islam? Boten klentu ta mbak?
Lia                   : boten ta mbak, saged dipun tes mbak, menawi kula menika saged maos al quran, dakwah nggih saged.
Nuruly             : waaaaaaah sae sae sae





Tidak ada komentar:

Posting Komentar