Selasa, 24 Desember 2013

TEMBUNG GARBA


TEMBUNG GARBA
Tembung garba yaiku (Sandi) yaiku tembung loro utawa luwih kang diraketake kanthi nyuda wandane.
1.      Tembung garba akehe dienggo ing gatraning tembang, murih runtuting guru wilangan.
Tuladha :
-          Wadya jalwestri ngabekti ( jalwestri saka tembung jaler + estri )
-          Prapteng wisma si Pocung muntah kuwaya ( prapteng saka tembang prapta + ing )
2.      Tembung garba sing ngasilake aksara y diarani sutra ye.
Tuladha :
-          Dupi + antuk dadi dupyantuk
-          Lagi + arsa dadi lagyarsa
3.      Tembung garba sing mung ngilangake swara a ing samburine h diarani warga ha.
Tuladha :
-          Maha + raha dadi mahraja
-          Maha + asih dadi mahasih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar