Rabu, 11 Desember 2013

1. ISTILAH/BEDHAHAN ING GENDHING


1.      ISTILAH/BEDHAHAN ING GENDHING
a.      Bawa
Bawa yaiku tembang sing kanggo murwakani utawa miwiti gendhing, tanpa (pati Gong).
b.      Gerong
Gerong yaiku tembang bareng-bareng swaraning gendhing, sing nggerong pradangga (niyaga).
c.       Cakepan
Cakepan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing dienggo ing tembang.
d.      Buka
Buka yaiku tetabuhan sing tanpa tembang, kanggo murwakani gendhing.
e.       Titi Laras
Titi laras yaiku angka leliruning wilahan gamelan kanggo mbedakake swara sijine saben wilahan gamelan.
f.       Pathet
Pathet yaiku ukuran endhek dhuwuring swara ing sajroning gendhing.
g.      Umpak-umpak
Umpak-umpak yaiku lelagon kang ditibakake sauntara bawa mbuka gendhing, utawa ditibakake saben panembrama ganti pada.
h.      Senggakan
Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu, ing tengahing tembang kang binarung swaraning pradangga.
i.        Sindhenan
Shindenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening pesindhen (waranggana), binarung swaraning gendhing.
j.        Ada-Ada
Ada-ada yaiku lelagon kang ditembangake dhalang rikala wayang arep utawa sawise perang, kanthi dibarengi unine gendhing sawetara.
k.      Suluk
Suluk yaiku lelagon kang ditembangake dhalang.
2.      PRALAMBANG TEMBANG MACAPAT
a.       Mijil                                  : wijil, wetu, metu, wiyos, mijil.
b.      Maskumambang                         : kumambang, kambang, kentir.
c.       Gambuh                           : tambuh, tumambuh, embuh.
d.      Sinom                               : nom, anom, enom, mudha, taruna.
e.       Pangkur                           : mingkar, mingkur, mungkur, wuri, wuntat, pangkur.
f.       Kinanthi                           : kanthi, akanthi, kekanthen.
g.      Asmaradana                    : asmara, kasmaran,gandrung, kingkin.
h.      Dhandhanggula               : manis, sardula
i.        Durma                              : dur, udur,duratmaka, mundur.
j.        Megatruh                         : pegat, pecat.
k.      Pocung                             : kuncung, cung, uncung, pocung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar