Rabu, 11 Desember 2013

UPACARA ADAT ING JAWA TENGAH


UPACARA ADAT ING JAWA TENGAH
“Desa mawa cara, negara mawa tata”. Unen-unen iki pancen wis trep dienggo, awit pancen wong jawa iku wiwit saka Jawa Wetan nganti tumekane Jawa Kulon, tansah ngleluri adat lan tata cara sing dilestarekake nganti saiki. Dene ing Jawa Tengah dhewe wis lumrah yen adat lan tata carane kanggo nglairake rasa panuwun marang Gusti Allah, nganakake slametan. Dene tata carane, sawise ambenge kendhuren didongani, ana sing banjur dirahapi bebarengan, kayata ing upacara bersih desa. Nanging yen upacara adat liyane, kayata syukuran, bancakane wong bayen, slametane wong mati lan sapiturute, sawise didongani lumrahe brekate banjur digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Urut-urutane wong urip iku diwiwiti saka lair bayi, diwasa, jejodhohan, umur tuwa, lan tumekane pati. Bab iki tansah owah gingsir jumbuh karo umure manungsa. Owah-owahan iki kadhang kala uga ana sambung rapete karo sandhunganing alangan, apes, godha, rencana, lan pancabaya. Mula iku kudu ngerti sarat sarana sing bakal katindakake, kayata :
1.      Upacara sajroning kandhutan
2.      Upacara lairing jabang bayi
3.      Upacara ngancik diwasa
4.      Upacara dhauping panganten
5.      Upacara tumbuk yuswa
6.      Upacara kasripahan
Tuladha upacara kasripahan.
Yen ana wong sing kulawargane mati, ngajal, utawa tinggal donya iku diarani kasripahan. Sanajan wis tinggal donya, wong sing tinggal donya iku tetep digatekake lan dislameti. Dene petungane wektu nylameti wong sing ditinggal donya iku mangkene urutane :
a.       Surtanah                      : slametan sing dianakake bareng jenazah disarekake.
b.      Nelung dina                : slametan sawise tinggal donya ing telung dinane.
c.       Mitung dina                : slametan sawise geblak genep pitung dinane.
d.      Matang puluh dina      : slametan sawise geblak genep patang puluh dina.
e.       Nyatus dina                 : slametan sawise geblak genep satus dina.
f.       Nyataun                      : uga diarani mendhak sapisan, banjur mendhak pindho, slametan sawise geblak genep setaun lan rong taun.
g.      Nyewu dina                : slametan sawise geblak genep sewu dina.
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar