Rabu, 11 Desember 2013

Saloka, Paribasan, lan Bebasan


Saloka, Paribasan, lan Bebasan
Saloka             : yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa tegese entar ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake wonge.
Tuladha :
Kebo bule mati setra tegese wong pinter nemu sengsara amarga wong ora mbutuhake kepinterane.
Paribasan       : yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ora ngemu teges entar, anggone negesi sawantah utawa apa anane saka tembung mau.
Tuladha :
Yitna yuwana lena kena : Sapa kang ngati-ati bakal slamet, sapa kang sembrana bakal cilaka.
Bebasan          : yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, surasa pepindhan, kang dipindhakake kahananing wong utawa sesipating wong.
Tuladha :
Ngiyup ngisor wit awar-awar : wong kang njaluk pitulungan marang wong kang ringkih/perlu ditulung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar