Jumat, 20 Desember 2013

KATRANGAN


A.     Tiyang gesang ugi wajib tansah ngopeni lingkungan amrih sakiwatengenipun dados lingkungan ingkang sehat.
Menawa diudhal miturut ayahaning tembung, ukara mau kadunungan katrangan. Katrangan kang ana ing ukara kasebut kalebu jinising katrangan maksud/tujuan.
Jinising katrangan iku warna-warna, ing antarane kaya kang kasebut ing ngisor iki.
1.      Katrangan papan/panggonan
Tuladha :
Bapak maos koran ing teras
Ing ngarep omah bocah-bocah padha dolanan                
2.      Katrangan wayah/wektu
Tuladha :
Kala wingi bapak maos Suara Merdeka
Pakdhe sesuk esuk arep tindak mrene
3.      Katrangan cacah/wilangan
Tuladha :
Wis bola-bali dheweke ditimbali Kepala Sekolah
Endhoge pitikku netes sepuluh
4.      Katrangan piranti/alat
Tuladha :
Ibu manen pari nganggo ani-ani
Adhiku dolanan montoran nganggo kulit jeruk
5.      Katrangan maksud/tujuan
Tuladha :
Aku sregep sinau supaya pinter
Ibu nyaponi latar kareben katon resik
6.      Katrangan sebab
Tuladha :
Dheweke ora lulus ujian, amarga kesed sinau
Adhi didukani ibu jalaran mecahne piring
7.      Katrangan akibat
Tuladha :
Pardi ora tau sinau, mulane ora munggah kelas
Jogane ora tau disaponi mulane katon reged      
8.      Katrangan kaanan
Tuladha :
Simbah sawuse gerah kuru banget
Darman ngguyu kapingkel-pingkel
                                                        
B.     Ukara Tanggap ( Kalimat Pasif = Indonesia )
Ukara tanggap yaiku ukara kang duwe paugeran :
a.       Jejere dikenani pegawean
b.      Lesane dikenani pegawean
c.       Wasesane lumrahe entuk ater-ater tripurusa ( dak, ko, di ) utawa seselan in
Tuladha :
a.       Meja tulise Bu Guru digambari Bambang
b.      Peleme Rini diundhuhi
c.       Pak Bayan dak-aturi lenggah ngarep
d.      Adhiku ko jiwit nganthi nangis
e.       Raden Kumbakarna jinemparing Prabu Rama nemahi tiwas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar