Rabu, 11 Desember 2013

NGRUNGOKAKE


Semaken teks tanggap wacana iki!

UPACARA ADAT LARUNG
ING MARA DEMAK

            Assalamualaikum Wr.Wb.
            Nuwun,
            Ingkang dhahat kinurmatan para nayaka praja, para pangarsa, sesepuh, saha pinisepuh. Kaping sepisan, sumangga kita aturaken puji syukur alhamdulillah dhateng ngarsanipun Allah Swt, ingkang sampun paring karaharjan saengga kita saged sesarengan kempal ing enjang punika. Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhateng ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw, ingkang tansah kita tengga safaatipun wonten Yaumul Kiyamah.
            Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Kula minangka ketua panitia kepareng kula ngaturi atur pambagya dhateng adicara larungan ing enjang punika. Upacara larung ing Moro Demak sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken ing surya kaping 5 Syawal ing saben warsanipun. Adicara punika nggadhahi ancas, wujud syukur saha nyuwun kaslametan dhateng Gusti allah.
            Adicara kawiwitan saking kabupaten, lajeng dipundherekaken kendharaan dumugi dhusun Moro. Sasampunipun dumugi tengah seganten saged dipunluwar utawi larung. Kajawi punika, samangke badhe dipunpungkasi kaliyan lomba-lomba. Tuladhanipun dhayung, lomba baita hias, lan sanesipun. Adicara punika badhe dipunlestantunaken minangka aset budaya Kabupaten Demak. Mugi-mugi saged kalampah kanthi wilujeng nir ing sambikala.
            Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirangipun trapsila nyuwun agunging pangaksami.
            Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar