Senin, 23 Desember 2013

LAYANG IBER-IBER


Layang Iber-Iber
Layang iber-iber padha karo layang kiriman.
Perangane layang yaiku :
1.      Satata basa yaiku alamate layang, bisa ditulis ing dhuwur sisih tengen uga bisa katulis ing dhuwur dhewe sisih kiwa.
Tuladha :
Kagem Bapak Hadi Sumarto
Kp. Gilingan Kidul No. 47
Surakarta
2.      Adangiyah:  ( adawiyah) yaiku salam pambuka
Tuladha :
a.       Pamuji rahayu
b.      Salam taklim
c.       Kabar slamet
d.      Sembah pangabekti
3.      Purwaka ( Pembuka )
Purwaka yaiku bebukaning layang isine kabar keslametan.
Tuladha :
Sareng kaliyan serat punika kang putra ngaturi uninga bilih putra sagotrah tansah ...
4.      Surasa basa
Surasa basa yaiku perangane layang kang mratelaake isi utawa kekarepane layang.
5.      Wasana basa yaiku perangan kang nutup (atur panutup ) layang.
Tuladha :
Wasana cekap semanten rumiyen ...
6.      Titi mangsa : nerangake dina lan titi mangsa panulisane layang.
Tuladha :
Demak, surya kaping 25 April 2006
7.      Paprenah ( sesambungan antarane sing kirim karo sing dikirimi )
Tuladha :
Serat saking putra
Wong tuwamu sing tansah tresna
8.      Tapak asma : tanda tangan
9.      Asma terang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar