Jumat, 20 Desember 2013

UKARA LAN CANGKRIMAN


I.                   UKARA TANDUK TRANSITIF LAN INTRANSITIF
Ukara Tanduk ( kalimat Aktif = Indonesia )
Ukara tanduk yaiku ukara kang duwe paugeran :
a.       Jejere nindaake pagawean
b.      Lesane dikenani pegawean
c.       Wasesane kedadean saka tembung kriya lingga utawa oleh ater-ater anuswara ( (a)n, (a)m, (a)ng, (a)ny )
Tuladha :
1.      Ibu maos kalwarti Jayabaya.
2.      Dewi nulis layang.
3.      Adhiku nangis.
4.      Surti nggodhog wedang
5.      Bapak nandur gedhang
1.      Ukara tanduk transitif ( Ukara tanduk mawa lesan )
Ukara tanduk transitif yaiku ukara tanduk kang nganggo lesan.
Tuladha :
v  Aku lagi maca buku basa jawa.
v  Adhiku lagi nulis aksara jawa.
2.      Ukara tanduk intransitif ( Ukara tanduk tanpa lesan )
Ukara tanduk intransitif yaiku ukara tanduk kang tanpa lesan.
Tuladha :
v  Adhiku lagi turu ing omah.
v  Sumini lagi adus ing kali.
II.                CANGKRIMAN ING TEMBANG
Cangkriman ( bedhekan ) yaiku unen-unen kang kudu dibatang.
Cangkriman ing tembang yaiku bedhekan babagan wos utawa isine tembang, utawa cangkriman kang awujud tembang.
Tuladha cangkriman ing tembang Pocung.
      Bapak Pocung, rupane saengga gunung
      Tan ana kang tresna
      Kabeh uwong mesthi sengit
      Kang kanggonan den elus-elus tinangisan
     
      Batangane : udun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar