Rabu, 11 Desember 2013

PIDHATO


TANGGAP WACANA PASRAH PENGANTEN
Assalamualaikum Wr. Wb
Wianantu sagung pakurmatan, para sesepuh, pinisepuh,saha aji sepuh ingkang tansah sinudarsana, Para kyai, para kaji ingkang tansah sinandhing kitab suci. Para sagung mudha tumarena saha sagunging tamu undangan ingkang satuhu kula tresnani.
Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puja pudyastawa syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad, amargi kanthi rahmat takdhimipun, panjenengan dalah kula taksih saged kempal manunggal kanthi karaharjan, kabagyan, saha kabagaswarasan.
Para rawuh ingkang kinabekten, alhamdulillah anggen kula sapangombyong mlampah saking griya ing margi Kelapa Gading, Semarang ngantos dumugi ing ngriki inggih punika dalemipun Bapak Cokrosuharjono wonten Margi Katonsari, Kabupaten Demak Bintoro, tansah pinaringan rahayu basuki boten wonten alangan satunggal punapa. Wondene wosing atur kula ingkang angka sapisan inggih punika ngaturaken salam taklim saking Bapak Hendra kusuma katur dhumateng Bapak Cokrosuharjono sagotrah. Wondene ingkang angka kalih inggih punika saperlu masrahaken anak kula Mas Bagus Daru Purwa Adi Kusuma dhateng Bapak Cokrosuharjono inggih kaluwarganipun anak kula Indah Ayu Nawangwulan. Ing pangajab mugi-mugi kados putranipun piyambak tuwin saged kempal manunggal kaliyan masyarakat kiwa tengenipun. Kajawi punika sadaya ubarampe ingkang sampun dipunbekta dening para pangombyonging penganten, sageda dipuntampi kanthi renaning penggalih ingkang sadaya kala wau boten wonten ajinipun inggih namung kangge sanguning lampah.
Para rawuh ingkang tansah nampi sih rahmating Gusti. Kados namung punika ingkang saged kula aturaken, hambok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula pun minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapak Hendra Kusuma, kula nyuwun sih samudra pangaksama.
Nuwun
Wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar