Jumat, 20 Desember 2013

PIDHATO


TANGGAP WACANA ( PIDATHO )
       Kabeh wong sejatine bisa ngomong utawa pidhato ing sangarepe wong liya/wong akeh (umum). Mung kadhang kala kita ora duweni kwanen utawa ana rasa mindher (ora percaya marang awake dhewe). Sejatine iku bisa diatasi kanthi nglatih lan nyiapake apa-apa kang ana gandheng cenenge karo pidhato. Intine, pidhato bisa disinaoni!
       Perangane pidhato iku ana 5 werna yaiku : salam pambuka, purwaka, surasa basa, panutup, salam panutup. Dene kang kudu digateake manawa pidhato :
1       .         Omongan/lafal kudu cetha, intonasi lan lagu basa ( irama ) kudu trep.
2       .         Basa kang dipilih ( ungguh-ungguh basa ) adhedhasar sapa sing mirengake.
3       .         Manawa matur kudu kanthi lancar, ora kaku, ora ketok apalan.
4       .         Ngagem ageman kang prasaja, kang pantes tinulad ing netra.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar