Jumat, 20 Desember 2013

LAYANG ULEM


Layang Ulem
            Layang Ulem yaiku layang kang menehi kabar marang wong liya ( kang dituju ) dadi sesulih manawa wong kang duwe gawe iku ngaturi rawuh. Mung wae wong mau ora mara dhewe, nanging cukup kongkonan wong liya.
            Mungguh panggawene layang ulem iku sejatine ora gampang. Jalaran sing ulem duwe karep supaya wong sing diulemi bisa mrelokake teka kanthi suka renaning ati ing wayah kang wus ditemtokake.
            Malah kudune ditulis dhewe, ora kena cap-capan. Sabisa-bisa kudu bisa nuju prana, supaya kang diulemi seneng atine lan nglonggarake wektu kanggo nekani. Mulane kudu nggunakake tembung-tembung kang becik lan netepi empan papan.
Ing jaman saiki lumrahe layang ulem iku wis ora ditulis dhewe maneh, lan ing kono nggunakake layang cap-capan. Tembung-tembunge digawe padha.
Dene perangane layang ulem iku mangekene :
1.      Titi mangsa
2.      Salam pambuka
3.      Surasa basa (isi)
4.      Wasana basa (panutup)
5.      Peprenah
6.      Asmane sing ngulemi
7.      Nderek ngajeng-ajeng

1 komentar:

  1. Best Merkur 45C Safety Razor Reviewed - xn--o80b910a26eepc81il5g
    Merkur septcasino 45C is the classic razor. 메리트 카지노 주소 The Merkur 인카지노 brand has created an attractive chrome finish and an easy-to-use safety razor, a chrome finish

    BalasHapus