Rabu, 11 Desember 2013

TEMBANG JAWA


TEMBANG JAWA
            Tembang jawa tegese reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa diiringi wiramaning gendhing. Dene gendhing yaiku swara lelagoning gamelan.
Manut peprincene, tembang jawa bisa kaperang dadi lima yaiku :
1.      Tembang Gedhe
Tuladha : Pamularsih, Citramengeng, Kusumastuti, Retnamulya, Kumudha Asmara, lsp.
2.      Tembang Tengahan
Tuladha : Pranasmara, Girisa, wirangrong, Pangajabsih, Juru Demung, Palugon, lsp.
3.      Tembang Macapat
Tuladha : Mijilm Pocung, Maskumambang, Gambuh, Kinanthi, Asmaradana, Pangkur, Durma, Sinom, Dhandhanggula, Megatruh.
4.      Tembang Dolanan
Tuladha : Jamuran, Jaranan, Prau Layar, Menthog-menthog, Ilir-ilir, Sluku-Sluku Bathok, lsp.
5.      Tembang Gendhing
Tuladha : Kuthut Manggung, Kebo Giro, Kodhok Ngorek.
Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat :
1.      Pada                            : yaiku cacahing tembang macapat saben salagu, saka wiwitan tekan pungkasan.
2.      Guru gatra                   : cacahing larikan ing tembang macapat.
3.      Guru wilangan                        : cacahing wanda (suku kata) ing tembang macapat.
4.      Guru lagu                    : tibaning swara ing pungkasaning gatra.
5.      Dhong-dhing               : guru lagu sing tiba swara “U” utawa “I”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar