Jumat, 20 Desember 2013

UKARA GANEP LAN UKARA ELIPS


Ukara Ganep lan Ukara Elips
Ukara ganep yaiku ukara kang perangane ganep. Tegese yen ukara tanduk lesan (transitif) kudu ana jejer, wasesa, lan lesan. Yen ukara tanduk tanpa lesan (intransitif) kudu ana jejer lan wasesa. Mulane ukara yen ora netepi sarat iku ora diarani ukara ganep. Nanging diarani ukara elips.
Tuladha :
1.      Rudi mancing iwak.
2.      Joko ngguyu.
Ukara loro iku diarani ukara ganep amarga perangane ganep, beda karo ukara ing ngisor iki.
1                .      Mas Marno dhahar ing kamar tengah.
2                .      Yu Juminem ing ngarep.
Ukara nomer siji ora diarane ukara ganep amarga kelangan lesan. Ukara nomer loro diarani ukara elipsi amarga kelangan wasesa.
                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar