Jumat, 20 Desember 2013

RURA BASA


RURA BASA
            Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa kang salah nanging lumrah dienggo ing bebrayan masyarakat.
Tuladha :
v         Lik Ruminah mbunteli tempe ing pawon.
v         Parjan menek klapa ngarep omah.
v         Pak Maskup ndhuduk sumur ing mburi omah.

Tembung mbunteli tempe, menek klapa lan ndhuduk sumur mau kalebu tuladhane tembung rura basa. Sing mesthi ora ana wong kang mbunteli tempe, menek klapa, apa dene ndhuduk sumur. Tempe iku barang kang wis dadi, mula ora usah dibunteli. Sejatine kang bener mbunteli dhele sing wis mateng lan diragi supaya dadi tempe. Semono uga ora ana wong kang bisa menek klapa. Sing mesthi menek glugu utawa wit klapa. Tumrap ndhudhuk sumur iku sing bener ndhudhuk lemah digawe sumur.
Nanging basa kang mangkono iku wis lumrah dienggo ing bebrayan. Yen dibenerake malah katone ora lumrah. Kang lumrah dienggo ya, mbunteli tempe, menek klapa lan ndhudhuk sumur. Tembung-tembung kang salah nanging wis kaprah utawa lumrah dienggo ing bebrayan kaya tuladha ing dhuwur mau diarani rura basa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar