Rabu, 11 Desember 2013

Geguritan Gagrag Anyar


IBU
Esuk esuk wis tangi
Nindhaake sembahyang
Mangkat menyang pasar
Kanggo bantu bapak
Nggolek rejeki
Ibuku..
Nadyan awakmu wong wadon
Nanging mulya tenan atimu
Gelem biyantu bapak
Saka dodolan ana ing toko
Lan saka awakmu
Kauripan ing kluwarga
Dadi kacukupan
Ibu, pahlawan kaloro ing uripku
Jiwa raga, bektimu, lan katresnamu
Ora bakal tak laliake
Ibu, tresna tenan aku
Marang awakmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar