Rabu, 11 Desember 2013

TANGGAP WACANA


Nampa Pasrah Penganten
            Assalamualaikum Wr. Wb
            Para rawuh ingkang kinurmatan, kados ingkang sampun dipunaturaken dening Bapak Hendrawan minangka sulih salira saking panjenenganipun Bapak Agung Budiyanto, salam taklimipun sampun kula tampi. Kosok wangsulipun, salam taklim saking panjenenganipun Bapak agung Budiyanto.
            Wondene atur pasrah penganten kakung inggih sampun kula tampi kanthi linandhesan manah ingkang tinarbuka, ing pangangkah mugi-mugi Nak Bagus Bayu Guna Dharma samangkenipun kersa dados warga masyarakat ngriki, ingkang namung kados mekaten kawontenanipun. Kajawi saking punika sadaya ubarampe ingkang dipunasta besan sawadyabalanipun inggih kula tampi kanthi linambaran tyas ingkang gumbira.
            Wusana cekap semanten atur kula, wonten kiranging subasista kula nyuwun agunging samudra pangaksama.
            Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar